Artikel

Sejarah desa

08 Januari 2019 12:12:51  Administrator  36.626 Kali Dibaca 

SEJARAH RINGKES

HADEGING DESA TUKSONO

 

Kacarios duk ing nguni kanthi paring dalem saking Pamarintah Ngayogyakarta Hadiningrat arupi serat katetepan suryo kaping sedoso (10), wulan januari (1), warsa sewu sangangatus kanwandasa pitu (1947) minongko madegipun Kalurahan Tuksono.

Sakderengipun Kalurahan Tuksono madeg wonten kalih kalurahan inggih puniko:

  1. Kalurahan Kalikutuk mapan ing dusun Gunung Duk, ingkang dipun asta panjenenganipun ki Soma Praworo (suwargi);
  2. Kalurahan Kalisono mapan ing dusun Karang, ingkang dipun asta panjenenganipun Ki Somenggolo (suwargi);

Kekalih kalurahan punika lajeng nyawiji dados setunggal Kalurahan Tuksono.

Nami Tuksono kadadosan saking Tuk-Sono, Tuk kapendet saking Kalikutuk, lan Sono kapendet saking Kalisono.

Lajeng ingkang ngasta Lurah Desa Tuksono inggih punika:

  1. Ki Ngarimpi Sosrodiharjo (suwargi) saking Dusun Karang;
  2. Ki Ngali Atmopranoto (suwargi) saking Dusun Karang;
  • Bapak Saryono, S.Pd., saking Dusun Bulak;
  1. Bapak Panut Hadi Santosa, saking Dusun Gunung Duk;
  2. Bapak Zainuri, saking Dusun Taruban Wetan ingkang ngasta Kepala Desa sakmenika.

Lajeng minangka kangge pangenget-enget wonten tilaran pusaka saking para sepuh arupi:

  1. Songsong Agung (Payung Pangayoman);
  2. Tombak (Sipat Kandel);
  3. Dwoja (Gendera abrit pethak).

Pengetan dumadosing Desa Tuksono sampun kaadani:

  1. Pengetan ingkang kaping 70 kaadani 10 Januari 2017 wonten Peken Nyonyol (Krebet)
  2. Pengetan ingkang kaping 71 kaadani 10 Januari 2018 wonten ngajeng “Sanggar Ngamarto” (Karang)
  3. Sakamenika pengetan ingkang kaping 72 kanthi kegiatan mujahadah, upacara, ziaroh.

Mekaten sejarah dumadosing hadeging Desa Tuksono wonten kirang saha lepat nyuwun pangapunten, mugi-mugi Desa Tuksono dados Desa ingkang gemah ripah kartata raharjo.

 

-Nuwun-

 

Kirim Komentar


Nama
No. Hp
E-mail
Isi Pesan
  CAPTCHA Image [ Ganti gambar ]
  Isikan kode di gambar
 


Wilayah Kalurahan

Aparatur Kalurahan

Sinergi Program

Agenda

Belum ada agenda

Statistik Penduduk

Komentar Terbaru

Info Media Sosial

Lokasi Kantor Kalurahan


Alamat : Jalan Raya Tuksono No 29,Karang, Tuksono, Sentolo, Kulon Progo
Kalurahan : TUKSONO
Kapanewon : SENTOLO
Kabupaten : KULON PROGO
Kodepos : 55664
Telepon :
Email : tuksonokulonprogo@gmail.com

Statistik Pengunjung

  • Hari ini:255
    Kemarin:185
    Total Pengunjung:107.777
    Sistem Operasi:Unknown Platform
    IP Address:3.238.180.174
    Browser:Tidak ditemukan

Arsip Artikel

10 Juni 2020 | 38.395 Kali
UPACARA ADAT TAMPA KAYA
27 Maret 2019 | 36.971 Kali
SITUS DESA TUKSONO
06 Maret 2019 | 36.898 Kali
Profil Wilayah Desa
27 Maret 2019 | 36.896 Kali
KESENIAN DESA TUKSONO
09 April 2019 | 36.681 Kali
Permohonan Informasi
08 Januari 2019 | 36.626 Kali
Sejarah desa
06 Maret 2019 | 36.618 Kali
Pemerintah desa

Statistik SID